Friday, February 9, 2018

Waspada Kopi Luwak Palsu



WASPADA KOPI LUWAK PALSU...!!!
Hati-hati kalo bertamu....

Bambang mertamu nang omahe Slamet disuguhi kopi.
Jarene Slamet kopine enak tenan....
Bambang akhire nyruput kopi soale penasaran rasane...

Bambang : "Iki kopi opo tho yo..kok rasane rodo kecut..?"

Slamet : "Iku kopi istimewa, meh podo ambek kopi luwak sing larang regane iku."

Bambang : "Ooo..ngono tho, kopi opo jenenge..?"

Slamet : "Kopi Kucing,aku gae dewe.."

Bambang : "Opo iyo, kok jenenge Kopi Kucing.?"

Slamet : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak dhisek sak durunge diolah.

kopi kucing iki dipangan kucing sak durunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak iku, tapi ben gampang aku gae kucing ae.."

Bambang : "Kucing gelem mangan kopi tha, met?"

Slamet : "Sa'jane yo ora, kopine tak gerus kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing."

(Bambang weteng'e wis mulai rodo mules..)

Bambang : "Terus, piye proses'e,...met....?"

Slamet : "Kopine kan metu bareng telek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah, terus dipepe sampek gariiiiiing, terus digiling maneh sampek alus..

Lha iki kebeneran awakmu sing pertama nyobak Kopi Kucing,
wong yo durung onok sing tak suguhi Kopi Kucing iki.
Aku dewe arep nyobak,ko yo ga kolu...
Piye rasane Kang Bambang,..?"

Bambang : "Bajidhut...diamput slamet........ asemmmm koweee.....ambek lambene ndower...ndower...!!! Iki dudu Kopi Kucing, met......
Tapi telek kucing..."

Slamet : ....ngguyu kemekel nang njero ati........


BAGEKNO DAGELAN IKI, KONCOMU
lan TANGGAMU BEN GAK STRESSS
amargo mikir bisnis ae ....                                   

1 comment:

Apa Gelar Akademik Ibumu....??

sumber gambar: pexels.com "IBUMU SARJANA APA? " Ibuku gelarnya adalah MSi : Master Segala ilmu. Tak terbayang bukan, menj...